Oleh. Bapake Fauzul Huda
(Penggiat Literasi Bahasa Jawa)
Ana pesen para pangarsa ing Pethilan pupuh pangkur ing Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV.
Rumpakaning cakepan tembang macapat pangkur kang wis kawentar ing jagading sindhen salah sijine yaiku:
Mingkar mingkuring angkara.
“Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih ketarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumprap ning tanah Jawa
Agama ageming aji.”
Para winasis wis ngrembug babagan iki, utamane bab bedane tradhisi lisan lan tulis sing ana tengahing bebrayan agung. Ana kang mbenerake, kudune mingkar mingkuring ukara, ana uga tetep angajeni tradisi lisan sindhen kang tetep setya nganggo tembung angkara tinimbang ukara. Yen miturut panulis mangga endi sing cocok karo pok rerembugane.
Nanging sing dadi bot ruweting pikirane penulis, yaiku cakepan tembang mau apa karepe miturut pangriptane utamane ing ukara gatra keri dhewe. Agama ageming aji. Agama ibarate mung minangka ageman, klambi, clana, lan sakpiturute kanggo sang aji utawa ratu. Dadi kaya agama minangka simbol wae kanggo para ratu kudu nduwe agama.
Ana maneh kang nduwe panemu agama ageming aji, iki ndadekake agama iku ora awujud ageman sandhangan, nanging sawijining wujud agama kudu diagem dening sang aji utawa raja. Karana raja iku panutan, raja iku pimpinan, satemah yen ora nduweni cekelan sing diagem kaya dene agama bakal gampang miyur atine kanthi godhaning donya kang arupa rajabrana, raja kaya lan sakpiturute.
Penulis luwih sarujuk pamanggih sing keri dhewe. Karana pancen abot dadi pangarsa utawa pimpinan. Abote ora ning ndonya thok ananging uga ing akherat dijaluki tanggung jawab anggone mimpin adhedhasar apa.
Muga dadi kawigaten para pangarsa supaya tansah ndadekake agama dadi agemaning urip, ageman rikala gawe keputusan, ageman rikala gawe kebijakan lan sapiturute, supaya slamet rakyate, lan slamet pemimpine. Aamiin.